GORO GORO Rambut Putih Sore bubar ngeterke sigaraning ati blonjo kangko kebutuhan warung pecel sesuk, Gareng gage menyang omahe Semar. Banjur alok kulunuwon karo bengok : ''Mo .... Romo tulung ngakno pager, isih sore kok wis di kunci, koyo ono sing arep dimaling wae.''' Romo Semar karo rogoh-rogoh sak cleno goleki kunci :''Eeeee ... dasar Gareng anak gemblung, ben mengkene akeh simpenan rojo brono .... Heeeeee, '' Semar gumuyu karo bukak pager. Bareng wis lungguh nang teras karo ngombe kopi mangan pisgor madu gawehane yu Srondil, banjur Gareng takon sajak bingung :'' Mo .... Aku kok bingung yo .... pawongan lanang wadon neng Karang Kedempel kok ganti mode.'' ''Lha .... ganti mode piye Reng ... kowe iki ono-ono wae '' Semar nyauti pitakone Gareng. ''Ngene mo .... sak ngertiku, ing Karang Kadempel iku sing rambute putih yo mung romo Semar. Lha .... saiki sing biasane rambut putih disemir ireng malah podo ora d...