''Gong .... Gong ketiwasan ono kabar lelayu jare koncone dewe kapundut Gusti .... misakne Gong.'' Petruk nang omahe Bagong aweh pawarto
'' Mugo-mugo sing kapundut digancarke le sowan Gusti ... . Piye to critane Truk??'' Bagong nyahuti karo dedongo.
Sakwisi lungguh nang teras Petruk crito piye kedadehane koncone nganti dipundut Gusti. Jarene wektu kui Srikrantil sing umure wis meh pitung puluh tahun lagi seneng-senenge melu group gowes karo alumni. Nah ing dino setu group gowes pit-pitan menyang Suroloyo karepe koro tirakat suroan.
Naliko podo mangkat anggota group semangat, mesti wis podo umur pensiunan nanging isih kroso roso utowo kuat awake. Unjuk roso isih non-noman siji lan sijine. Sejroning perjalanan soko Karangkadempel nuju Suroloyo kabeh peserta gowes podo alon-alon waton kelakon sinanbi gegojekkan wong dalane iyo munggah maneh ben ora kroso kesele. Tekan puncak Suroloyo podo ngopi karo nonton pemandangan sing gumelar endah.
Bubar podo geguyon karo ngopi rombongan banjur siap-siap mulih, wektu semono wus jam 13.00. Amargo dalane mudun ora usah ngotel, karek meluncur mudun, nanging yo kudu ngati-ati. Tekan tikungan Blarongan Srikrantil ora iso nguasani pit, mergo dalani mudun tur nikung maneh, rem pit yo wis ora mampu ngerem, mongko kiwo tengen jurang. Ora iso ketulungan maneh Srikrantil sak pite nyemplung jurang sing jero.
Konco-konco podo medun nulungi, nanging wis ora ketulungan maneh.
'' Ngono. .... Gong critane,'' Petruk unjal ambegan karo dleweran eluhe.
''' Iyo ..... iyo.... Tole kabeh kito prihatin, nanging ugo entuk pelajaran .... Yen wis umur tuwo kudu iso ngukur kekuatan diri pribadi, ora usah ngoyo anggonmu tumindak opo wae ..... yen wis tuwo iku awak wis kudu akeh lerene ojo mekso awak. Wis ..... Oyo podo dedongo kanggo koncomu iku le .... tole.'' Semar sing kawit mau ugo ngrungoke critane Petruk sesorah.
Ambyaarrr
Mati uripe manungso pancen ono astane Pangeran, nanging menungso ugo kudu budidoyo karo eling marang kekuatane dewe. Ojo dumeh ........