Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Cerkak

KETIBAN TRESNO

KETIBAN TRESNO Koyo biasane Sronto saben sore olah raga kanggo kesehatan. Gandeng cah enom, olahraga mlayu-mlayu ringan mubeng lapangan bal-balan. Wis sepuluh puteran Sronto ngubengi lapangan, kringet pating gobyos. Leren sedelo, nbanjur latihan bal-balan karo konco-koncone  Akeh sing podo nonton, maklum  kanggo hiburan wargo deso saben sore. Bubar olah raga Sronto mulih liwat ngarep omahe pak Srondil, bapake Sritutut  Katon nyah Srondil lagi nyapu neng arep omah. Weruh Sronto liwat, nyah Srondil ngundang supoyo mampir. Sronto mampir nbanjur takon ono opo kok nyah Srandil kadengaren ngampirke. Nyah Srandil basa-basi, nbanjur ngomong njaluk tulung supoyo Sronto biyantu anake golek SIM, mergo montore anyar kanggo mangkat kuliah. Sronto nyaguhi ngeterke Sritutut ngolek SIM, janjian Kemis arep dipetuk esuk-esuk. Sritutut nyaguhi, lan njaluk tulung sisan supoyo Sronto ngajari numpak motor saben sor,e bubar olahraga, margo  Sritutut isih durung patiho lincah. Koyo sing ...

KAPEDOT TRESNO

KAPEDOT TRESNO Srondil karo Sarto wengi jam 19.30 pengin golek situasi sing santai,  zaman saiki kasebut 'healing'. Wong loro podo lungguhan neng kopi Podomoro pesen kopi khas gaweane kopi Podomoro, yoiku kopi 'aku tresno kowe',  sing rasana jos dadi favorite kawulo mudo. Opo maneh yen pesen neng pekayan wadon, meski gumuyu, amargo pesene 'aku tresno kowe' , pelayane mung mesem kecut. Karo ngobrol ngalor-ngidul, crito kuliahe nganti babagan katresnan. Ora ketinggalan camilan getuk goreng karo telo godog dadi sasaran mergo yo luwe lan suasonone adem, sumilir angin wengi soko sawah  kiwo tengene. Pancen kopi Podomoro ono ing tengah-tengah sawah, dadeke suasono tambah  romantis. Mergo wong loro yo isih lajang durung podo duwe 'gacoan' alias jomblo, mulane crito babagan wanodyo dadi menarik. Rodo aduh soko  lingguhane Srondil lan Sarto, ono wanodyo loro sing uga nglaras suora gending sing kasetel karo cekikikan crito. Katone yo mung wong loro wae, ora ng...

SLIRAMU NGRERIDO ATI

SLIRAMU NGRERIDO ATI Kahanan pancen ora koyo biasane, mongso bediding ananging kok howo panas. Nganeh-anehi, biasane wulan kasongo iku yen awan panas, yen bengi atis.  Iki bengi  ugo panase pol, nganti yen turu ote-ote. Sronto turon karo tangane ora pendat ngowahke kipas soko kayu cendono kanggo ngusir roso gerah amargo kipas angine rusak. Pikirane muter kelingan karo kedadehan mau awan naliko ketemu wanodyo sing dadeke atine deg deg gan. Piye ora mikir, wanodyo ayu kulite kuning cengkir gading, untune miji timun, lambene manggis kemrakot lan lambeyane koyo macan luwe. Wanodyo sing dadekke kabeh pawongan lanang kepingin duweni. Esuk sakdurunge jam 10.00 rombongan Sronto karo konco-konco kawulo mudo mangkat layat ngone kancane kuliah biyen sing kapundut Pangeran. Rombongan numpak mobil mergo omahe almarhum cukup adoh nang luar kota. Tekan ngone sak rombongan nbanjur ketemu bapa biyunge ngaturake belo sungkowo. Suasana rodo gayeng amargo akeh konco alumni sing teko dadi koy...

TRESNO SING KETATON

TRESNO SING KETATON Brayate. Srondil katon rukun lan tansah bungah kabeh. Kepriye ora bungah mergo Srondil minongko kepala keluargo duwe jabatan duwur, dadi pungguwo sing nguwasani prajurit neng negoro Ngamarto sing ayem temtrem loh jinawi. Kabeh kebutuhan urip kacukupan, malah luwih ora tau kekurangan. Srondil sak brayat sarujuk arep piknik neng Jongringsaloko sing hawane adem mergo neng wilayah pegunungan, tur yo pemandangane endah lan akeh kuliner sing rasane enak-enak. Rencanane sak brayat nginep neng omahe kancane sing duwe panggonan peristirahatan. Rebo sore mangkat nbanjur arep mulih dino minggu esok. Cekak crito Srondil sak brayat karo andahane dina Rebo wis wayah surup tekan ngone piknik. Anak-anake seneng banget diajak kembul bujono neng salah siwijine kuliner kondang. Mulih soko ngolek pangan nbanjur podo turu mleku kamar dewe-dewe amargo wis meh jam 22.00 lan kekeselen.  Andahane telu sing ngawal podo lungguhan karo ngopi panas. Ing tengah awan sak uwise nginep se...