SLIRAMU NGRERIDO ATI
Kahanan pancen ora koyo biasane, mongso bediding ananging kok howo panas. Nganeh-anehi, biasane wulan kasongo iku yen awan panas, yen bengi atis. Iki bengi ugo panase pol, nganti yen turu ote-ote.
Sronto turon karo tangane ora pendat ngowahke kipas soko kayu cendono kanggo ngusir roso gerah amargo kipas angine rusak. Pikirane muter kelingan karo kedadehan mau awan naliko ketemu wanodyo sing dadeke atine deg deg gan.
Piye ora mikir, wanodyo ayu kulite kuning cengkir gading, untune miji timun, lambene manggis kemrakot lan lambeyane koyo macan luwe. Wanodyo sing dadekke kabeh pawongan lanang kepingin duweni.
Esuk sakdurunge jam 10.00 rombongan Sronto karo konco-konco kawulo mudo mangkat layat ngone kancane kuliah biyen sing kapundut Pangeran. Rombongan numpak mobil mergo omahe almarhum cukup adoh nang luar kota.
Tekan ngone sak rombongan nbanjur ketemu bapa biyunge ngaturake belo sungkowo. Suasana rodo gayeng amargo akeh konco alumni sing teko dadi koyo reunian.
Sawise rampung upocoro, Sronto sak rombongan mlaku nuju parkiran. Ono suoro wanodyo sing alus lan koyo-koyo wis tahu krungu suarane ngundang koncone Sronto, karo njaluk tulung mergo mobil rombongane ban kempes. Suoro wanodyo iku koyene wis ora asing, ning sopo lan kapan krungu. Sronto karo koncone nbanjur nekani wanodyo sing lagi bingung arep nganti ban.
Sanaliko atine Sronto mak tratap naliko weruh lan pandangan mata ketemu karo wanodyo mau. Sronto ngeling-ngeling sopo wanodyo iki, koyo wis nate ketemu, nanging lali blas. Roso ati koyo wis akrap, atine soyo deg deg gan naliko wanodyo mau ngomong.
Sronto karo kancane enggal biyantu masang ban mobile. Sak wise rampung nbanjur rombongan neruske perjalanan mulih.
Sak jroning perjalanan mulih, Sronto kepikiran terus lan atine koyo ting gedebug yen bayangke wanodyo sing agek sepisan iki ketemu, nanging koyone wis tau bebarangan. Yo mungkin nang kehidupan sak durunge wis tau gatuk, kui jare yen percoyo reinkarnasi.
Tekan omah Sronto nyobo turu nangibg ora bisa turu, mung bolak balik. Pikiran lan atine terus bayangke wanodyo sing ngrerido ati.
Sopo wanodyo kuwi?? Saiki wis dadi sisihane, sigarane ati, biyunge bocah-bocah, sing tansah setyo, ngormati , lan dadi panjurung ngone Stonto makaryo dadi pungguwo lan konglomerat sukses.
KOCO BENGGOLO
Ono istilah ''Neng burine wong lanang sing sukses, ono wanodyo sing hebat. Nanging wanodyo iso uga jungkirke wong lanang sing wis sukses,'' Monggo instropeksi