GORO GORO 35 GOBLOKE TINGGAL Petruk megeg-megeg neng pos rondo wetan omah, sajak ono sing dipikir. Rokok lintingan cemantol neng lambene, karo disedot enak tenan ketoke rasane. . Naliko kebule dietoke soko lambe, gondo wangi menyan, ciri khas rokoke Petruk gondo arum dadeke kepengin melu nyedot rokok klembak menyan. Wektu iku wis jam rolas bengi, wayahe sing tugas rondo podo kumpul neng pos. Petruk pancen giliran rondo wengi iku, deweke nbudal gasik neng pos rondo amargo tugas gawo kopi dan camilan. Mergo isih sepi durung ono kancane, Petruk ngalamun karo nikmati rokok, klepas-klepus. Gareng njedul naliko krungu kentongan ditabuh tondo yen wis wayahe kumpul rondo. Soko kadohan Gareng wis mambu wangi klembak menyan rokoke Petruk. Tekan poa rondo Gareng gage njaluk rokok lintingan nbanjur takon karo Petruk: ''Truk .... kowe wis krungu durung ....yen Bilung dicalonke dadi lurah?'' Krungu pitakone koyo mengkono, Petruk mbatin, wah sainganku Bilung to. Gawat iki, Bilung ...