Langsung ke konten utama

GORO GORO 34

WANI PIRO

Ngobrol neng angkringan mbah Bejo uwis dadi kebiasaane Bagong, amargo neng angkringan mbah Bejop iso ketemu konco lawas ngobrol ngalor-ngidul. Kanggone Bagong sing penting seneng, iso ketemu karo konco sak umuran podo rambute uwis putih.

Obrolan sore iku babagan hilirisasi, Bagong takon karo mbah Bejo  bakul angkringan sing lagi ngecurke banyu panas neng gelas pesenane Bagong: ''Mbah .... kowe ngerti ora hilirisasi sing saben dino metu neng TV? .... Aku kok ra mudeng!'' Bagong takon  Karo ngudek kopi nasgitel panas legi tur kentel, mbah Bejo semahur: ''Sak ... ngertiku bab sasi-sasi kui yoo ... sasi sawal, rejeb lan sapanunggalane, sasi hilir iku .... ora ono!'' Mbah Bejo jawab sak candake. Bagong karo kukur-kukur rambut sing ora gatel ngomong:''Wis .... angel-angel ngomong karo wong sing ra sak lepel.''

Gareng sing ugo ngopi krungu Bagong grundelan, nbanjur takon;'' Lha ... kowe ki ngopo ngurusi hilirisasi ....kuwi urusane poro pungguwo negoro, awak dewe wong cilik mung nompo makmure wae.'' Bagong njur nesu krungu sing diomongke Gareng, karo ngujar:'' Iyooo .... awake dewe pancen wong cilik Reng .... ning tanpo wong cilik .... opo iso podho dadi punggowo .... wong cilik iki sing milih .... Awake dewe kudu ngerti opo sing dadi pakaryane sing dipilih .... kabeh punggowo kae ... dipilih supoyo makmurke rakyat sing milih. ...  oro mung mikir wetenge dewe .... lha nak sing dikerjakne hilirisasi kui mengko nyengsarake kawulo cilik, piyeeeee??? Gareng mung jawab singkat;''Pretttt ....'' Bagong tambah nesu.

Tujune ono Petruk sing jelaske: ''Bener kowe Gong .... dadi wong cilik kui kudu kritis, ora mung melu sorak thok ... kuwi ora mutu.'' Sak uwise krungu omongane Petruk, nbanjur Bagong takon:''Lha .... kowe ngerti po .... hilirisasi?''
Kanthi sareh Petruk jawab pitakone Bagong: ''Maksute ... hilirisasi kui.  .. negoro nbangun pabrik kanggo ngolah bahan mentah, koyoto ... nikel, bouksit, tembaga lan sapanunggalane. Dadi ora entuk ekspor barang mentah, nanging barang sing wis dadi ... opo setengah dadi.''

Manggut-manggut Bagong ngrungoke penjelasane Petruk, karo takon: '' Nbanjur gunane opo ....Truk?'' Petruk nyruput wedang jahe karo neruske penjelasane: ''Kuwi mengko iso nambah kesempatan kerjo, .... rego ekspor dadi meningkat ... kawulo dadi tambah makmur, mergo negoro ne makmur, ugo duwe posisi tawar. .... wani piro ... karo negoro liyane. ... ora mung manut ditukoni bahan mentah kanthi rego murah .... kuwi tegese pemimpin sing wani ... ambil resiko kanggo rakyat lan anak putu mengko.''

Ambyarrr
Dadi kawulo cilik ojo mung seneng diwenehi nasi bungkus njur demo, kudu cerdas. Semono ugo dadi punggowo ojo mung nompo duwit cilik, njur dodolan bahan mentah.
Wani piro.

Postingan populer dari blog ini

':RAHAYU NIR ING SAMBIKALA'

':RAHAYU NIR  ING SAMBIKALA' Suatu saat ketika pergi ke suatu desa yang agak pelosok di daerah Yogya untuk bertemu dengan seorang teman, saya mendapat petunjuk atau ''ancar-ancar'' letak rumahnya. Sesampai di daerah tersebut, karena memang belum tahu wilayah dimaksud, maka untuk meyakinkan, kemudian mendatangi suatu rumah yang kebetulan sedang ada beberapa orang duduk-duduk di teras bercerita. Dengan menggunakan bahasa Jawa, saya menyapa: ''Kulo Nuwun, nyuwun sewu, badhe tanglet, dalemipun pak... menika ingkang pundi?'' . Terjemahannya ''Permisi, maaf mengganggu, mau bertanya, rumahnya pak...itu yang sebelah mana?' Salah satu bapak yang  duduk di depan kemudian menunjuk salah satu rumah bercat biru, tiga rumah dari tempat tersebut. Kemudian salah salah satu bapak yang lain nyelutuk:'' Wah... Saking nagari, njeh? Ketawis saking ngendikane, mlipis.': terjemahannya ''Wah ... dari kota, ya? Kelihatan dari gaya bicara...

ALAM SEMESTA 'KITAB' TERBUKAx

ALAM SEMESTA 'KITAB' TERBUKA Mengamati kejadian di media sosial akhir-akhir ini, di mana terjadi saling klaim bahwa keyakinan atau kepercayaannya yang  paling asli dan paling benar, menimbulkan pertanyaan besar apakah Sang Pencipta yang disebut 'Tuhan' itu ada banyak sesuai versi masing-masing keyakinan kepercayaan.  Jangan-jangan 'Tuhan' itu narasi manusia yang memang memiliki daya khayal tinggi, dalam mencari jawab atas apa yang tidak diketahui atau di luar nalar manusia lalu disebut 'Tuhan'.  Bahkan belum bertemu pun sudah dapat memerinci sifat-sifat 'Tuhan' dan ciri-ciri bahwa ini karya 'Tuhan'. Bahkan 'Tuhan' direduksi seperti manusia bisa marah, dendam, iri, suka menguji, dan menghukum manusia, tapi juga maha kasih dan maha segalanya. Manusia yang sadar dan tidak mau diindotrinasi begitu saja tentu akan bertanya apakah 'Tuhan' yang diklaim paling asli, paling benar itu kah 'Tuhan' yang sebenarnya atau hanya ...

PENDEKAR DARI PUNCAK MERAPI 2

Cerita Bersambung (CerBung) PENDEKAR  DARI PUNCAK MERAPI (0002) Oleh: Ki Kusumo P.D.A.J Melihat situasi itu, tanpa pikir panjang Pandu meloncat mengarahkan tendangan mautnya ke lambung harimau. Tepat sebelum cakar harimau mencabik tubuh wanita ayu tersebut, tendangan Pandu yang disertai kekuatan tenaga dalam mendarat tepat di sisi kiri lambung harimau. Terdengar raungan keras harimau yang terlempar jauh beberapa meter dengan suara gedebuk, dan harimau tersebut terkapar dengan tulang rusuk serta organ dalam yang hancur. Pandu mendarat dengan sedikit oleng di sebelah wanita cantik yang kemudian tanpa sadar mendekapnya. Satu harimau terbujur kaku di tanah setelah mendapat tendangan mematikan Pandu. Tinggal satu harimau yang terlihat marah dengan mengeluarkan auman keras dan panjang. Sorotan mata harimau yang sebelumnya melihat ke arah temannya yang tergeletak di tanah, diarahkan ke Pandu yang sekarang berada di depan wanita itu sambil memasang kuda-kuda siap menghadapi harimau ya...