GORO GORO 35
GOBLOKE TINGGAL
Petruk megeg-megeg neng pos rondo wetan omah, sajak ono sing dipikir. Rokok lintingan cemantol neng lambene, karo disedot enak tenan ketoke rasane.. Naliko kebule dietoke soko lambe, gondo wangi menyan, ciri khas rokoke Petruk gondo arum dadeke kepengin melu nyedot rokok klembak menyan. Wektu iku wis jam rolas bengi, wayahe sing tugas rondo podo kumpul neng pos. Petruk pancen giliran rondo wengi iku, deweke nbudal gasik neng pos rondo amargo tugas gawo kopi dan camilan. Mergo isih sepi durung ono kancane, Petruk ngalamun karo nikmati rokok, klepas-klepus.
Gareng njedul naliko krungu kentongan ditabuh tondo yen wis wayahe kumpul rondo. Soko kadohan Gareng wis mambu wangi klembak menyan rokoke Petruk. Tekan poa rondo Gareng gage njaluk rokok lintingan nbanjur takon karo Petruk: ''Truk .... kowe wis krungu durung ....yen Bilung dicalonke dadi lurah?''
Krungu pitakone koyo mengkono, Petruk mbatin, wah sainganku Bilung to. Gawat iki, Bilung gali lor pasar akeh sing kenal, tur kelakuane aneh, seneng nganggo coro sing ora bener, sing penting karepe kasembadan. Seneng ngerahke anak buah bayaran nasi bungkus.
Petruk nyahut pitakone Gareng:'' Aku durung krungu .... Reng yen Bilung calonke dadi lurah .... dadi sainganku mengko .... yen aku sido dicalonke lurah lawas.'' Sak uwise nyedot lintingan klembak menyan, Gareng kondo yen Bilung dicalonke karo lurah pasar kebo. Jarene lurah pasar kebo, Bilung iku cerdas, kerjane apik lan iso nyaingi lurah desa sing sak iki yen mengko deweke kepikih dadi lurah. Lurah pasar pancen wedi karo Bilung sing wonge pancen nekat, nanging luwih medeni maneh pasukan nasi bungkus sing ora nganggo otak kelakuane. Sing penting dibayar nasi bungkus karo duwit transport siap :''darwis'' alias modar yo uwis.
Nanging sak jane Petruk ora gigrig karo Bilung, mergo Bilung iku mung gali sing iso di setir ngalor-ngidul mitirut kepentingan. Deweke dicalonke karo lurah pasar kebo nben proyek sing dikerjakne lurah pasar kebo aman, Bilung iso kanggo tameng yen samongso ono sing gugat proyek pasar kebo. Ngono pitungane.
Petruk karo Gareng neruske klepas-klepus nyedot lintingan rokok klembak menyan, ro nunggu konco rondo kumpul neng pos rondo
Ambyaaaarr
Tresnoku karo sliramu gawe aku goblok, tresnoku wis ilang gobloke tinggal.
Ngati-ati yen dicalonke, mengko yen ora ono sing nresnani, tinggal gobloke .