KETIBAN TRESNO
Koyo biasane Sronto saben sore olah raga kanggo kesehatan. Gandeng cah enom, olahraga mlayu-mlayu ringan mubeng lapangan bal-balan. Wis sepuluh puteran Sronto ngubengi lapangan, kringet pating gobyos. Leren sedelo, nbanjur latihan bal-balan karo konco-koncone Akeh sing podo nonton, maklum kanggo hiburan wargo deso saben sore.
Bubar olah raga Sronto mulih liwat ngarep omahe pak Srondil, bapake Sritutut Katon nyah Srondil lagi nyapu neng arep omah. Weruh Sronto liwat, nyah Srondil ngundang supoyo mampir. Sronto mampir nbanjur takon ono opo kok nyah Srandil kadengaren ngampirke. Nyah Srandil basa-basi, nbanjur ngomong njaluk tulung supoyo Sronto biyantu anake golek SIM, mergo montore anyar kanggo mangkat kuliah. Sronto nyaguhi ngeterke Sritutut ngolek SIM, janjian Kemis arep dipetuk esuk-esuk. Sritutut nyaguhi, lan njaluk tulung sisan supoyo Sronto ngajari numpak motor saben sor,e bubar olahraga, margo Sritutut isih durung patiho lincah.
Koyo sing wis disepakati, Sronto esuk-esuk wis ngampiri Sritutut, nganggo moge, jaketan kulit, kocomotonan riben, rambute digawa nantang langit. Gaya cah nom-noman saike, sing dadeke kepranan cah wadon lan camer. Sritutut katon seneng banget dipetuk Sronto, pamitan karo bapa-biyunge nbanjur nyengklak neng sadel buri sing posisine jengking. Dadi gunungan cilik nyenggol pundake Sronto.
Mergo kantor polisi panggonane adoh, Sronto rodo ngebut alasane mengko selak tutup. Amargo ngebut Sritutut kepekso tambah rapet lingguhe, opo maneh sadele dadakake keplorot maju, Sritutut nbanjur njaluk palilah ngoceki pinggange Sronto, yo kuwi sing dijarepke Sronto, karo ngomong oleh wae ngekep ben ora kabur, Sronto ngomong karo gumuyu, Sritutut jiwit karo cekikikan.
Sakwise urusan rampung Sronto karo Sritutut mulih. Sritutut tanpo dikomando nbanjur bonceng ngekep Sronto. Sejroning perjalanan Sronto ngrasake enake gunungan cilik tansah nindis yen direm. Sronto sengojo akeh ngerem lan Sritutut koyo-koyo ngerti karepe Sronto, le ngekep tambah kenceng.
Tekan ngomah Sritutut ngajak Sronto lungguh disik nbanjur digaweke kopi karo nyah Srondil, sinambi crito piye proses sing wis dilakoni ngurus SIM.
Sore sak bubare olah raga Sronto mampir omahe Sritutut ngajak latihan motor mubeng lapangan. Sakjroning latihan Sronto mbonceng karo wenehi pituduh coro nglakokke motor. Sekali-kali Sronto rodo maju melu nyekeli stang soko buri. Arum wangi rambute Sritutut dadikake Sronto baleni terus ngone melu nyekeli stang.
Nganti seminggu Sronto ngajari Sritutut numpak motor, nganti wis fasih numpak dewe muter lapangan lan lewat dalan deso.
Nyah Srondil melu seneng, karo kondo karo Sronto mbok nak malem minggu teko neng omah ngancani Sritutut ngobrol. Sritutut sing krungu panjaluke nyah Srondil mung mesem karo mantuk-mantuk setuju. Woowww anak karo camer sarujuk iki. Mujur katiban tresno
KOCO BENGGOLO
Rejeki iku ora usah digoleki nganti susah-susah, yen wis wancine teko dewe. Monggo