KAPEDOT TRESNO
Srondil karo Sarto wengi jam 19.30 pengin golek situasi sing santai, zaman saiki kasebut 'healing'. Wong loro podo lungguhan neng kopi Podomoro pesen kopi khas gaweane kopi Podomoro, yoiku kopi 'aku tresno kowe', sing rasana jos dadi favorite kawulo mudo. Opo maneh yen pesen neng pekayan wadon, meski gumuyu, amargo pesene 'aku tresno kowe' , pelayane mung mesem kecut.
Karo ngobrol ngalor-ngidul, crito kuliahe nganti babagan katresnan. Ora ketinggalan camilan getuk goreng karo telo godog dadi sasaran mergo yo luwe lan suasonone adem, sumilir angin wengi soko sawah kiwo tengene. Pancen kopi Podomoro ono ing tengah-tengah sawah, dadeke suasono tambah romantis.
Mergo wong loro yo isih lajang durung podo duwe 'gacoan' alias jomblo, mulane crito babagan wanodyo dadi menarik.
Rodo aduh soko lingguhane Srondil lan Sarto, ono wanodyo loro sing uga nglaras suora gending sing kasetel karo cekikikan crito. Katone yo mung wong loro wae, ora ngenteni konco liyane, lan ketoke yo isih jomblo.
Srondil nbanjur nantang Sarto, wani opo ora nyedaki wanodyo loro mau, kenalan lan njaluk nomor hp. Yen kasil mengko Srondil bayari lan ngajak nonton bioskop Sarto sing entuk tantangan nyaguhi, nbanjur salaman karo Srondil tondo yen 'deal'.
Alon-alon Sarto marani mejane wanodyo loro mau, kanti sopan Sarto jaluk palilah lungguh ngancani ngobrol. Wanodyo loro kaget ditekani Sarto, kanti pekewuh manggake lungguh ning kursi kosong.
Sarto nbanjur ngetrepke jurus rayuan gombal, wanodyo loro gumuyu, nbanjur ngenalke, jenenge Srikaton karo Sritutut. Wong telu asik ngobrol, Sarto nganti lali yen Srondil dewekan nang mejane. Srondil roso ngondok nonton Sarto asik crito cekikian karo wanodyo sing agek wae dikenal.
Cekak crito Sarto karo Srikaton podo sir-siran, wis rong tahun pasangan mau pacaran. Wong loro wis mantep arep nbangun urip bebrayan sakwise lulus kuliah lan entuk gaweyan, rencanane 3 tahun kerjo langsung nikah.
Nanging kabeh kuwi renconone manungso.
Sak uwise lulus Sarto entuk gawean nang ibukota, ndahibo senenge Srikaton, kebayang mengko omah-omah karo wong bagus sing dadi gegantilane ati. Sak durunge mangkat wong loro podo piknik neng candi Prambanan, nglepaske roso tresno sing mengko arep kapedot mergo adoh jarake, nanging wong loro janjian saben dino arep hubungan telepon vedio kanggo ngilangke roso kangene amargo ora ketemu langsung, model LDR.
Wis sak wulan Sarto ninggalke Srikaton ngayahi tugas, saben dino wong loro tansah telepon koyo sing dadi kesepakatan.
Nganti limang wulan terus koyo ngone kedadehane, gantian le nelepon Ngancik enem wulan, telepone Srikaton ora iso dihubungi, Sarto bingung, nyobo nelpon kancane, adine podo ora ngerti kehanane Srikaton. Wis sewulan iki ora tau katon neng omahe kost, sing kapener paklike Srikaton. Dikirimi WA ugo ora tahu dijawab, malah diwoco war ora.
Dino Setu sore Sarto tenger-tenger lungguh nang teras omah kost. Ibu kost sing perhatian nbanjur takon ngopo kok Sarto ora koyo biasane. Karo katon lungkrah Sarto duduhake WA soko Srikaton : ''Mas, cukup semene wae anggon awak dewe hubungan, margo aku wis dadi nyah Srondil.'' Jebul koncone dewe sing ngrengkuh Srikaton, atine Sarto koyo arep mbudag mergo konco lan calon sisihane jebul sesideman nbangun katresnan.
.
Moco WA mau ibu kost nbanjur ngekep Sarto ngelus rambute terus nuntun mlebu kamare ibu kost, rondo kembang ayu tur sugih ora duwe anak. Ketiban pulung dadine
KOCO BENGGOLO
Dalane urip iku kadang ora kanyono-nyono, ojo gampang lungkrah mergo kepedot tresno. Isih akeh wanodyo liyo nang donyo sing luwih siap. Monggo