TRESNO SING KETATON
Brayate. Srondil katon rukun lan tansah bungah kabeh. Kepriye ora bungah mergo Srondil minongko kepala keluargo duwe jabatan duwur, dadi pungguwo sing nguwasani prajurit neng negoro Ngamarto sing ayem temtrem loh jinawi.
Kabeh kebutuhan urip kacukupan, malah luwih ora tau kekurangan.
Srondil sak brayat sarujuk arep piknik neng Jongringsaloko sing hawane adem mergo neng wilayah pegunungan, tur yo pemandangane endah lan akeh kuliner sing rasane enak-enak.
Rencanane sak brayat nginep neng omahe kancane sing duwe panggonan peristirahatan. Rebo sore mangkat nbanjur arep mulih dino minggu esok.
Cekak crito Srondil sak brayat karo andahane dina Rebo wis wayah surup tekan ngone piknik. Anak-anake seneng banget diajak kembul bujono neng salah siwijine kuliner kondang. Mulih soko ngolek pangan nbanjur podo turu mleku kamar dewe-dewe amargo wis meh jam 22.00 lan kekeselen. Andahane telu sing ngawal podo lungguhan karo ngopi panas.
Ing tengah awan sak uwise nginep sewengi Srondil kondo karo bojone:''' Nyah .... Aku kudu mulih sore iki margo ono tugas mendadak, kowe karo anak-anak neruske le piknik,. Aku karo Sarto andahanku mulih ndisik ''
Bojone yo mung manut, mergo pancen mangkono kewajibane prajurit kadang entuk tugas dadak. Awan iku ugo Srondil karo Sarto andahane mulih.
Wanito iku memang atine peka, nyah Srondil dina sak banjure atine roso ora kepenak, koyo-koyo arep nyusul mulih bojone. Mulo sakwise ditimbang-timbang, anake ugo wis podo gede iso dalon dewe, nyah Srondil kondo karo anake yen arep mulih nyusul bapake diterke andahan siji si Stonto, andahan siji maneh si Srikaton ngancani piknik anake. Kabeh anake podo sarujuk mergo mangsane liburan, podo males melu mulih.
Kanti dikancani Sronto, nyah Srondil mulih, jujug neng omah pribadine neng pinggiran Karangkadempel ing wayah sore. Lawang ngarep omah ora dikunci, nyah Srondil mlebu ngomah nbanjur weruh lawang kamar katutup, nyah Srondil nbanjur ibukak.
Dhahibo kagete nyah Srondil weruh bojone lagi kelon karo wanodyo liyo. Tanpo sadar nyah Srondil jerit, ndadekke Srondil kaget karo jupuk jemparing diarahke marang nyah Srodil karo alok :'' Meneng kowe ..... ojo bengok-bengok.'' karo ngagar-agari nganggo jemparing.
Nanging nyah Srondil tetep bengok, krungu bengokane nyak Srondil kanthi reflek Sronto andahane mlayu mlebu ngomah. Weruh nyah Srondil kamitenggengen nek arep kamar, lan weruh jemparing ditarik karo Srondil, tanpo sadar mergo reflek Srondo mloncat rekane tamengi juragane nben jemparing ora ngenani nyah Srondil. Ketiwasan jemparing ngenani dodo tembus jantung. Saknaliko Sronto nglemprek tibo. Nyah Srontil jerit sero.
Patang dino sakwise kadadehan iku, ono pawarto yen Sronto bilahi mergo kena jemparinge Sarto andahane Srondil. Wong loro podo panah-panahan mergo Sronto arep ngrudo pekso nyah Srondil. Negoro Ngamarto sing tentrem dadi geger, naliko pawarto sumebar.
Poro punggowo repot kabeh, margo kahanan mau, lan podo bingung arep jelaske kedadehan sing sak nyatane.
KOCO BENGGOLO
Tresno sing ketaton amargo ono ''wedus'', iso ngrusak hubungan bebrayan, nanging ugo iso ngrumbokokne katresnan yen siji lan sijine iso ngesuhi utowo ngemong, lan dirembug kanthi apik, ojo mung nganggo emosi. Kudu digelar digulung yen ngadepi masalah opo wae. Monggo