Tanpo kanyono-nyoto, Bagong ketemu karo konco SD naliko lagi mangan nang restoran Holly Darling. Salah sijine restoran kang misuhur nang Karangkadempel. Akeh bos-bos perusahaan seneng jajan nang kono, mergo regane yoo ''peanut'' kanggone bos. Nanging yen kanggo kawulo cilik, regone makwooowww, iso kanggo mangan seminggu sak brayat.
Nah ibo senenge Bagong karo Bilung ketemuan, wis luwih soko 40 tahun ora ketemu. Kebetulan lingguh sandingan mejo. Bilung nganggo kaos almamater SD, iseng-iseng Bagong takon soal kahanan SD Karangkadempel.Bilung ngulurke tangan karo nyebut jenenge.
''Lho .... kowe Bilung angkatan 76 ..... aku Bagong ''' karo salaman njur rangkulan.
Wong loro nbanjur ngenalke brayate, terus crito nostalgia. Praupane Bagong ro Bilung katon sumringngah
Wis aku sing bayar bro, makasih iso ketemu, Bagong karo mlaku nuju kasir.
'''Mbak ... meja 10,''' karo ngulurke ATM
Bakdo digesek, Bagong nunul pin. Kasir moco tulisan '''Dana anda tidak mencukupi.'''
Nganti limo ATM digesek, tulisane podo, Bagong njur ngrogoh sak jukuk duit sing ono.
Karo nunggu kasir ngetung, Bagong ngalamun bayangke naliko isih aktif makaryo: Eling tiap bayar ngo ATM ra tau kekurangan, maklum bedo ro pensiunan.
Niat ati arep nyenengke konco jebul wis ra kawogan mergo wis pensiun, ora ono transferan
Nanging sing penting isih podo sehat, isih diparinge Gusti kesempatan ngrabuk umur ketemu konco lawas.
'''Pak .... niki tasih kirang.''' kasir ngagetke Bagong
''' Maaf yooo ..... iki KTP ngo jaminan, sesuk tak lunasi,''' Bagong njur ngluyur lungo.
Ambyaaarrr.
Duwe karep wae nyenengke konco wis cukup, yakin liyo wektu iso kasembadan. Monggo sing rung pensiun nyenengke sing pensiun. ..... Heeeee .... JeBul koncone yoo wis pensiunan. Yo penggandaan roti alias urunan .... heeeee