Bojone Gareng, Bagong Bilung, Cangik, lan Togog podo kumpul neng pendopa desa Karangkadempel sakbare melu seminar Keluarga Sehat.
Biasa yen ibu-ibu kumpul suasana regeng ngomongke opo sing dadi kesenengan yo iku soal modis.
'''Memang bener ..... Opo sing dingomongke pak Petruk, awake dewe ibu-ibu, mesti wis tambah tuwo kudu tetep modis .... amargo bapak-bapak bojone dewe neng kantor kumpule karo cah wadon enom-enom '' bu Bagong celatu
'''Betul banget .... mesthi bojone dewe wis arep pensiun .... nanging nek ndelok sing bening-bening .... iso ora kuat.'' ujar bu Bilung setuju
Ibu - ibu sarujuk yen mulai sesuk arep luwih dandan modis mesthi mung nang omah, ben enak disawang bojo.
Sak wulan sakbanjure, Bagong takon karo bojone :'' Lho .... agek tanggal 15 kok wis njaluk duwit blonjo maneh .... Lha iso bangkrut iki,'''
''' Wis rasah kakehan celatu .... timbangane kanggo ngragati 'wedus' luwih becik kanggo ngragati aku modis '''
Ambyaaaar
Jebul duwit blonjo ngo modis ... Wis kudu ne glidik luwih sengkut ..... heeee