Semar esuk-esuk wis sonjo nang omahe Petruk, sakbare mlaku-mlaku olah raga esuk. Bojone Petruk ngawekake kopi remenane mertuwo konasgitel alias kopi panas legi tur kentel.
''Monggo romo unjukanipun sinambi ngobrol.'' bojone Petruk mangake kanti luwes.
Semar karo Petruk ngobrol ngalor-ngidul, crito kahanan negoro sing lagi ono ontran-ontran amargo ono punggowo negoro sing lali karo tugas lan tanggungjawabe. Sing kudune ngrengkuh kawulo, malah podo dolanan panah-panahan nganti ono sing bilahi. Kudune disilihi gaman karo negoro kanggo ngamanke rakyate, malah podo kanggo kerengan. Contoni kawulo sing ora pener.
Bojone Petruk sing krungu obrolane Semar karo Petruk melu nimbrung, '' Njih .... niku sakmeniko tiyang ingkang dipun pitados gadah lelungguhan ingkang inggil, boten ngabdi kaliyan kawulo malih, katah ingkang migunakaken aji mumpung romo .... kulo kawulo alit namung saget prihatos.''''
''' Woooowww .... lae lae, mugo-mugo bendorone dewe ngerti kahanan koyo mengkono, nbanjur nugel endase kareben andahane ora podo melu-melu,''' Semar nyauti gunemane bojone Petruk sinanbi nyruput kopi.
Petruk manggut-manggut sarujuk.
Ambyaarrr
Dadi punggowo negoro yo kudu kelingan karo sumpahe .... Ojo mung golek untunge dewe .... Heeeee