Bagong ketok seneng bangat krungu pawarto yen kelurahan Karangkadempel wis entuk kiriman tepung gaplek seko daerah padang Kurusetro sing dadi penggonan perang. Kuwi mau mergo usahane ndoro Janoko sing jaluk supoyo kiriman bahan pangan tetep diizinke lewat oadang Kurusetro, perang ojo nganti nyengsarake rakyat sing butuh bahan pangan.
Bojone Bagong kondo yen saiki wis iso mangan tiwul sing bahane tepung gaplek, regane wis koyo biyen maneh, normal.
Jarene Limbuk wis iso dodolan maneh, amargo barang- barang regane aman koyo to minyak goreng, lombok lan liya-liyane.
''Nah .... Kuwi kudune rakyat bersyukur duwe pemimpin ndoro Arjuna sak punggawane sing terus berjuang kanggo kepentingan rakyat dudu kepentingan pribadi.''' ujar Bagong , '' Galo tontonen negara Kurowo sing poro punggowone mung seneng 'ceciblon' duwit negoro .... rusak kabeh kahanane .... rakyate podo sengsoro, negoro bangkrut''
Semar sing lingguh nang teras krungu omongane Bagong karo bojone melu nimbrung, '''Hooo. ..... lae ... lae ... yo kuwi mau yen dadi kawulo kudu nyengkuyung poro punggowo negoro sing becik tindakane..... Ojo mung alok kritik nanging ora ngerti perjuangane ndoro Janoko. Ngertine kritik tanpo solusi '''
'' Bener romo Semar, saiki akeh wong pinter sing keblinger lan sok minteri, amargo atine loro wis ora dadi punggowo, kamongko naliko dadi punggowo ora becus ngone kerjo.''' Bagong celatu karo nambah kopi.
Ambyyaarr
Akeh wong alok sakdurunge kasil, bareng uwis kasil mung podo mlongo ..... Mingkem cangkeme ..... Heeee