GORO. GORO 31
Anak-anake Gareng seneng banget naliko acara lomba mengeti hari kamardikan sing kaping 77. Kabeh wargo padukuhan tumplek blek neng lapangan padukuhan mahargyo hari kamardikan. Ono lomba mangan krupuk, nangkep welut, kipas balon lan liya liyane.
Kabeh wargo padukuhan podo berpartisipasi melu acara senam lan lomba. Naliko lomba makan krupuk khusus bapak-bapak, Gareng ugo melu lomba. Ono sepuluh peserta neng babak penyisihan..
Peserta siap kanti tangan ditalani neng buri. Yuri nyemprit sempritan nbanjur lomba mangan krupuk diawali.
Suasono dadi gayeng, bojo lan anake peserta podo aweh dukungan karo keplok-keplok. Ono sing foto-foto, ono sing goyang tali. Rame bangat wargo podo bengok-bengok.
Gareng tanpo sadar brakot krupuk pingin dadi juara.
Naliko wis meh entek, wis tekan bagian pucuk krupuk sing ditaleni, gari sak cakotan, saking semangate Gareng cepet-cepet nyaplok ......... Nanging sial sawise nyaplok untu palsune ketinggalan nyantel nang tali. Suasano dadi ger-geran, podo nunjuk untu palsu sing gumantung nganti krupuk............ Heeeee
Ambyaarrr
Semangat Mahargyo Dino Kamardikan.
Merdeka Merdeka Merdeka.