Bagong sak rombongan lungo piknik nang Suraboyo. Jam 05.00 umun-umun peserta wis siap numpak bis. Gareng kepala rombongan ngumumke :'''Sopo sing durung sarapan silahkan ...... mangan dewe .... ngombe dewe .... mugo kabeh ngowo sarapan dewe ... perjalanan jauh mengko semaput yen ora sarapan.'''
'''Huuuuuu .... tak kiro disiapke ....dasar Gareng!!!!.''' rombongan nyoraki.
'''Lha .... ora urunan alias gratis .... kok panitia kon nyiapke ..... heeee,''' Gareng nyaut karo gumuyu
Bis alon-alon berangkat, maklum rombongan OMK alias Orang Manula Karangkadempel
Sing sangune kayu putih ro minyak gosok.
Tekan Ngawi bis menggok mlebu nickeri resto, mangan awan karo istirahat. Gareng ngumumke :'''Mohon jam 13.00 tepat rombongan segera masuk bis dan melanjutkan perjalanan ....., tidak lagi saling menunggu dan mencari. Jelassss.....!!!'''
Sak rampunge istirahat mangan, tepat jam 13.00, rombongan berangkat. Mergo wareg, njur semangat nyanyi karaoke sepanjang jalan sinambi ger-geran. Pokoke ndo katon bahagia.
Durung tekan Suroboyo, sekitar Sidoarjo Gareng alok :''Welah .... kok romo Semar karo Bagong ... ora katon .... gek ketinggalan '''
Gareng njur telepon Bagong nganti kaping telu agek diangkat. Bagong jenggirat krungu sworo telepon :'' Hallo ..... piye Reng. '''
Gareng :'' Kowe ngopo ..... Gong ????''
Bagong nyauri :''Aku keturon karo Romo..... yooo ... aku tak mlaku nang bis.'''
''Mlaku neng bis, piye. .... ??? Iki wis tekan Sidoarjo.'' Gareng jawab
'''Edannnn. .. kowe Reng, wong tuwo ditinggal ''' Bogong muring-muring
Gareng :''' Yooo .... tak petuk nang stasiun Gubeng wae yooo... ''
''' Sontoloyo wong tuwo di plonco ....!!!!''' Bagong soyo muring.
Ambryarrr.
Ngati-ati wong tuwo piknik.......