Zaman naliko isih umur non-noman Bagong ngalami tresno ing 'pandangan pertama'. Istilahe "cinta monyet' Nanging mergo isih cilik, biyen durung wani ngomong langsung, nanging mung podo 'tatapan', karo atine dek-dek sir.
Bulan ganti bulan, tahun ganti tahun, ora kroso yen umur mundak tuwo nyedaki 60 tahun.
Bagong sore-sore, inggar-inggat penggalih mlaku-mlaku menyang mall melu gayane cah enom.
Tanpo kenyono ketemu karo Limbuk sing lagi mlaku ijen.
Bagong dak dik duk lan ati tratapan naliko ketemu pandang. Semono ugo Limbuk dek dek plass atine, kelingan naliko biyen tibo tresno karo Bagong.
Sawise cedak wong loro nbanjur salaman, karo kekepan tanpo sadar.
Grubyakkkk .... Tas blonjo dibanting karo anake Limbuk sing ngetutke ibune seko buri.
Ambyaaaarrrrt
Teklek kecemplung kalen, timbang golek aluwung balen.
Bul ..... Anake ora sarujuk .... Heee