Dadi punggowo negoro, Petruk entuk tugas dadi narasumber babagan keluarga sing sehat.
Peserta seminar poro pasutri ndeso Karangkadempel, sing sederhana lan isih rodo ketinggalan masalah mbangun keluarga sehat.
Petruk jelaske yen dadi pasutri utowo pasangan suami istri kuwi kudu tepo sliro lan pengertian. Roso tresno kudu disalurke paling ora seminggu kaping limo.
Krungu penjelasane Petruk ibu-ibu podo mrengut karo bisik-bisik :'''Wah ..... enak wae .... dikiro empat sehat lima sempurna .... po .... Njaluk ping limo.''''
Tanpo ngape ngrenengane ibu-ibu Petruk neruske arahane, sebab yen ora ping limo, opo maneh suwe mung disimpen, mesakke bapak-bapak iso dadi ''ngakik'''.... njur diembanke nang pasar Kembang, .... nak yo .... repot.
Entuk penjelasan koyo ngono ibu-ibu manggut-manggut mesakno karo bojone lan ngo jogo kesehatan keluargo, njur bebarengan alok :''' I am ready!!!!! .....kapan wae '''
Bagong karo Gareng sing dadi panitia krungu aloke ibu-ibu ngelus dodo karo bareng mgomong:''' Hooorreeee ..... ora sido ngakik!!!!!!,''':
'''' Ooooo ... Lae lae ..... Anakku Gareng, Petruk, Bagong .... kowe kok isih podo guyonon wae ..... ayo gek ngayahi kewajiban .... sowan ngone ndoro Arjuno. sing lagi ngayuh wahyu Makutoromo .... oyo podo biyantu.''' Semar ngajak anak-anake. Goro-goro bubar.
''Nah .... nben podo iso ngatur akehe anak lan jamin karo pendidikan anak, keluargo kudu KB, kanthi migunake alat kontrasepsi.''' Petruk jelaske karo menehi conto carane nganggo karet KB.
Sawise tanya jawab lan kesimpukan, seminar bubar.
Sewulan sak nbanjure, Petruk entuk telepon soko Bagong :'' Waduh .... Pak Petruk, bojo kulo sakmeniko ngarbini, padahal kulo sampun mraktekaken menopo ingkang Pak Petruk paringi conto.'''
Petruk takon :''Piye .... ngone nganggo karet KB.'''
Bagong :''' Kulo tiup ....lajeng kulo sukak ken jempol, kados ingkang pak Petruk demontrasi aken.'''
Ambyaarrr
Ora sido KB yen carane ngono .... heeee