Sawise Semar duwe HP model anyar, Bagong mbanjur gawe group WA Keluarga Karangkadempel. Gandeng group anyar, yen ono sing upload, anggota liyane langsung nanggapi. Group dadi regeng. Opo maneh romo Senar kondo yen sing komen paling akeh arep entuk hadiah plesiran neng Suroboyo.
Semar saben dino upload crito babagan katresnan, dadekke Bagong gundah gulana, mikir bojone sing wis 'manopause'. Opo maneh wis limang tahun turune nang kamar dewe-dewe.
Bagong nbanjur usul mbok gawe crito lucu wae.
Semar nanggapi opo sing dadi usulane Bagong.
'''Lha kuwi kumpulan crito naliko aku ngajar biyen, aku nyritakke maneh kanggo ngobati rinduku ro mahasiswi sing ayu-ayu, sintal-sintal, semok-semok, ora koyo saiki nbendino sing diadepi....wis kadaluwarso.'''
Ambyarrr.
Tambah tuwo isone bayangke ... Jarene luwih asyik bayangke timbang Nglakoni wis ora kawogan ..... Heeeee