Mulih soko pasar, bojone Bagong mbecucu karo ngomel-omel. Maklum wong wadon yen ora seneng atine onone mung nesu wae. Opo-opo iso dadi jalaran ngo nesu. Bagong wis apal ngadepi bojo ngono kui. Tinggal wae nyruput kopi mengko mandeg dewe, njur crito dewe opo sebabpe.
'''Wis njan duwit 300 ewu, nang pasar ora entuk opo-opo. Kabeh reregan mundak, opo maneh lombok nganti 120 ewu .... edannnnn!!!!'''' Bojone Bagong ngudo roso, sawise lungguh melu ngopi.
'''Mangan yen ora pedes ora iso kolu.'''
Ora nanggapi opo sing diomongke bojone, Bagong malah mlengos karo kondo, ''' Kurang pedes yooo .... ganti nganggo sandal cepit dikeplakke pipi bar mangan ... Dadi. hemat lombok, ngono wae repot '''
''Wong wit biyen dikon nandur lombok neng pot, ora dilakoni. Sing diurus malah lombok siji sing wis loyo.'' Bagong nambahi ujar
Bojone Bagong tambah nesu :
'''Lombokmu kuwi . sing loyo didol murah ora payu..... Mung kiwir-kiwir bareng tuwo,'''
Ambyaarrrr.
Mulane tambahi duwite blonjo .... ojo kanggo blanjake 'wedus' wae .....
heeeee