Malam minggu Bagong mlaku-mlaku menyang alun-alun Karangkadempel. Karepe kanggo enggar-enggar pengalih sakwisi seminggu makaryo.
Tekan alun-alun jam 17.00 wis katon ramai sing podo dodolan, ono jagung bakar, ronde, jajan pasar lan sak panunggalane. Ugo ono tukang dodol obat sing dirubungi penonton. Bagong nbanjur melu nimbrung ndelok wong dodol obat.
''Kurap, kudis lan sapanunggalane ilang yen dioles minyak narsikem gawean nganggo resep rahasia leluhur, monggo ingkang bade nyobi,'' bakuli obat promosi.
Akeh penonton sing podo nyobo obat oles narsikem. Bagong mung ngamati carane bakul obat promo dagangane, batine :'' Weh ... Pinter tenan bakule obat nawakke dagangane, opo maneh ditambah trim sulap dan testimoni sing wis mari mergo nganggo produk bakule obat ''
Mergo penasaran Bagong terus nonton nganti acara bakul obat tutup, boko siji penonton bubar. Bagong rodo ngadoh karo terus ngamati bakule obat. Ehhh .... Kok katon sing mau dadi penonton nbanjur menehi testimoni melu kukut-kukut dagangan dilebokke grobak.
"" Woooww .... jebul kabeh sing ngumbar kesaksian yen mari mergo obat narsikem koncone dewe alias kru,''''
Ambyaaarrrr
Iyo ngono kuwi to coro ngaliske dagangan .... Ora mung dagang obat nanging yo dagang politik, dagang artis populer, dagang buku best seller nganti dagang agomo..... pancen yo isih nang donyo ..... heeee.