Gareng pancen handal yen bisnis investasi. Kanggo ngadepi kebutuhan brayat sing tambah meningkat mergo anak-anak wis podo kuliah, Gareng wis nyiapkan omahe dadi kost-kostsan.
Gandeng tahun ajaran anyar wis diawiti, Gareng gage pesen banner. Njaluk tulisan sing gedhe, marga deweke wis rodo tuwo tur mripati yo keno katarak. Dadi tulisan kudu gedhe tur wernone sing moncer, karepe mono nben ketok ceto.
Tulisan nbanjur dipasang neng pager omah. Naliko masang, Bagong liwat njur mampir.
'''Lho .... Reng kok tulisane ''Hanya terima kost puteri saja'.'''
Karepmu piye . ..''' Bagong takon
'''Gong .... Iki rahasia, jare koncoku sing omahe tugu ngalor, nek kost puteri iku iso kanggo ngumbah moto .... ngobati katarak!!!''' Gareng jelaske.
Bojone Gareng sing lagi lungguh nang teras, njur jenggirat metu jewer kupinge Gareng dicengkiwing mlebu omah.
Ambyarrrr.
Ngati-ati nek rerasan .... Akeh kuping neng kiwo tengen .... heeee