Semar mesti uwis yuswo tetep ora gelem ketinggalan babagan sesrawungan, mula nbanjur njaluk tulung Gareng nukokke HP model terbaru. HP model boto wis ketinggalan. Gandeng Gareng iku anak sing bekti karo wong tuwo, mesti duite cupet tetap mangkat tuku HP model anyar kanggo romone.
Nompo HP anyar, Semar bungah banget karo ngomong :'' Nuwun yooo .... Reng, kowe pancen anak sing iso diandalke, ora nguciwakke wong tuwo .... Bedo karo Bagong dikon nukokke semoyo nganti setahun ora kelakon.'''
Banjur Semar diajari coro migunakke HP model anyar. Sawisi ngursus kilat romone, Gareng pamit mulih
Karo muring-muring Semar tangi jam 23.00 , ngoleki selop ro mbatin : ''Gek .... Ono opo bocah iki.'''
Tanpo pamit wong ngomah, Semar bladat lungo nang omahe Gareng.
''' Reng. Reng .... Bukakno lawang .... Ono opo tho???'''
Gareng mbukak lawang njur takon : ''' Lho .... kok romo ndadak teko mrene???'''
Semar :'''Kowe ora ngenah bengi-bengi ngundang romo,'.. . Iki wacanen, karo ngulurke HP''
'''Gareng memanggil '''
Karo nepuk njidat Gareng ngomong :''' Lha ..... angkat telepone tho romo, rasah mrene,'''
Semar. :''' Yo .... Mbok ditulis. 'Gareng menelpon',''
Opo meneh ono tulisan WA
''Pesan dihapus''
'''Kleru kamar....''
''' Yoo .... Aku watir kowe salah kamar ngendhi maneh,. Mesakno bojomu ''' Semar jelaske.
Ambyyarrrr.
Tetep update teknologi meski wis Lolita=Lolos Limapuluh Tahun.!!! Tur yo wis pensiun ....Ojo salah kamar meneh . .. mertobat. .....