GORO GORO
Rambut Putih
Sore bubar ngeterke sigaraning ati blonjo kangko kebutuhan warung pecel sesuk, Gareng gage menyang omahe Semar.
Banjur alok kulunuwon karo bengok : ''Mo .... Romo tulung ngakno pager, isih sore kok wis di kunci, koyo ono sing arep dimaling wae.'''
Romo Semar karo rogoh-rogoh sak cleno goleki kunci :''Eeeee ... dasar Gareng anak gemblung, ben mengkene akeh simpenan rojo brono .... Heeeeee, '' Semar gumuyu karo bukak pager.
Bareng wis lungguh nang teras karo ngombe kopi mangan pisgor madu gawehane yu Srondil, banjur Gareng takon sajak bingung :'' Mo .... Aku kok bingung yo .... pawongan lanang wadon neng Karang Kedempel kok ganti mode.''
''Lha .... ganti mode piye Reng ... kowe iki ono-ono wae '' Semar nyauti pitakone Gareng.
''Ngene mo .... sak ngertiku, ing Karang Kadempel iku sing rambute putih yo mung romo Semar. Lha .... saiki sing biasane rambut putih disemir ireng malah podo ora disemir dadine katon putih rambute. Semono ugo sing biasa rambut ireng kok podo disemir putih, ..... nganeh-anehi .... jal.'''
Semar sing krungu penjelasane Gareng banjur guyu kemekelen karo crito. Kuwi odo-odone Raden Janoko, sing nganake sayemboro, sopo sing rambute paling putih dewe arep entuk hadiah kaprajan, dadi lurah neng Karang Kadempel, mergo sing rambut putih kuwi mesti ilmu kaprajan wis tuntas lan wicaksono. Kamongko sing rambut putih memplak lan asli iku nak yo ming aku, ra ono wong liyo. Nanging kasunyatane isih akeh sing podo pingin entuk hadiah, kamonggo kerja wae ora becus lan kakehan omong.
Krungu critone romo Semar, banjur Gareng ngomong: ''Wooow.... pancen akeh wong sing ora ngilo, kepengene dadi pimpinan kamonggo mung mikirke butuhe dewe, ora mikir butuhe kawulo cilik ..... tobil ... tobil ....'''
Ambyaaaar.
Akeh sing pingin dadi pimpinan, nanging mung siji sing kepilih. Ngati-ati yen milih, ojo waton milih.