Roda mobile Petruk bar diganti peleke nganggo ban gedhe, katon gagah koyo mobile cah nom-noman. Opo maneh ditambah kocomoto ireng sing dienggo Petruk. Ora nyongko yen wonge wis duwe putu, umur wis nyedaki 65 tahun. Koyo ngono lah gayane Petruk, wong tuwo zaman now.
Nganggo cleno jean, kaosan siispek lan kocomoto ireng, Petruk pamit karo bojone: ''Darling ..... aku. Lungo disik yooo .... janjian karo konco SD kumpul.'''
''' Oke mas..... ojo lali minyak gosok karo koyok salonpas, .... mengko nek kumat ben ora ngrepoti konco!!!''' bojone nyauti
Wis dadi hal sing lumrah zaman saiki sawise ono WA, wong tuwo-tuwo akeh podo reunian soko konco SD, SMP, nganti PT. Ora ketinggalan reuni tingkat TK, ugo reuni sak organisasi kelompok sing naliko enom tergabung. Memang suasana reuni nyenengke, bahagia koyo isih enom, wong ketemu karo konco sak pantaran, guyonan rame koyo dek enom biyen. Sing apik maneh akeh CLBK dudo karo rondo mergo dipacoke ro konco-konco. Iki benar-benar fenomena anyar babagan hubungan paseduluran.
Ujare Bagong ora ono situasi koyo ngono naliko zaman jadul, zamane romo Semar. Lha piye, anggota group WA sing omahe adoh direwangi teko, meski wis nunak nunuk. Itulah hebatnya teknologi, gampangake sesrawungan.. sing adoh dadi cedak, sing cedak dadi adoh. Luwih seneng kumpul konco sak pantaran, tinimbang kumpul karo sedulur meski cedak omohe. Konco dadi sedulur, njur sedulur dadi tanggo. Aneh . . Tapi nyata
'''Siapp ..... sayangku.''' Petruk jawab kanti mesra, '' Cintaku .... tulung jukokno kaos kaki neng lemari kamar,'''
Bojone Petruk metu seko kamar karo nyangking kaos kaki gaya anak muda.
''' Matur nuwun I love you ku ....''' koro nompo kaos kaki njur ngecup batuke bojone, ''' Aku mangkat yoo .... mbokne bocah-bocah sing ndak tresnani.''
Togog sing nunggu neng ruang tamu nganti geleng-geleng ndelok kelakuane Petruk.
Sawise tekan jero mobil, Togog takon :''' Truk .... kowe memang hebat, mesra tenan karo bojomu, ora tau ngundang jenenge bojo nanging diganti panggilan mesra .... patut ditiru.'''
Petruk :''' Sssttttt .... meneng wae yooo .... ojo kondo bojoku .... nek sakjane????'''
Togog :'' Sakjabe opo, Truk???''' Togog tambah penasaran
Petruk nbisiki :''Aku wis .... lali sopo jenenge bojoku????'''
Ambyarrr.
Biasane ketemu konco reunian wis lali jenenge. Kenalan anyar maneh!!.....heeee